Friday 8 November 2013

GEGURITAN



GEGURITAN

1.       Sejarah Geguritan
Basa Jawa iku sugeh kasusastran, salah sijine yaiku geguritan.Geguritan iku wujude kaya puisi ing basa Indonesia, nanging migunakake basa Jawa. Miturut kamus,geguritan yaiku tembung uran – uran utawa karangan kang pinathok kaya tembang, naging guru gatra,guru wilangan lan guru lagune ora ajeg.Miturut Subalidinata geguritan iku iketaning basa kang memper syair.Mula ana kang ngarani geguritan iku syair Jawa gagrag anyar.Geguritan iku asale gurita, kang asle saka tembung gita kang ateges tembang.Geguritan iku asil cipta rasa penulise kang nuwuhake kaendahan. Maca geguritan iku satemene duweni tujuan supaya wong kang krungu, ngrungokake kanthi ati kang wening supaya bisa mengerteni maknane geguritan kasebut. Mula sapa bae kang arep maca geguritan wis semsthine maknani geguritan luwih dhisik. Amarga maca geguritan tanpa mengerti isine, anggone maca bakal sasar  susur ora karuan.

Cak – cakan uatawa praktik maca geguritan saora – orane nyakep patang prakara yaiku :

a.        Olah Swara (Olah Vokal)
Olah swara iki kesambung karo kedaling lesan,tata pangaturing napas, lan pamedhoting ukara. Swara kang dihunakake pryoga menawa swara pandharan, dudu swara saka dhadha amarga yen swara dhadha  kurang manteb lan napase kurang kuat.

b.        Penampilan
Maca geguritan iku kudu nggatekake solah bawa,ekspresi,lan jiwane geguritan,umpamane isine geguritan iku sedhih, pasuryane ya kudu katon nelangsa supaya sing mirengake melu sedhih. Semono uga yen isine bab semangat juang kang greget ya ekspresi pasuryane kudu katon tegas, mandhes, lan makantar – kantar.

c.         Sambung (Komunikatif)
Manawa maca geguritan iku antarane kang maca lan ngrungokake kudu nyawiji, tegese maca tanpa ana kang ngrungokake ora guna. Semono uga kang ngrungokake yen ora ana kang maca bakal kalaksanan.

d.        Sarana
Sarana yaiku apa wae kang dhukung supaya anggone maca geguritan tamah “nges”. Sarana bisa awujud mik (pengeras suara),panggung,gendhing,lan sapanunggale.

Kanggo luwih nggampangake anggone memahami lan ngrasakake isine geguritan,yaiku kanthi cara menehi tanda mandeg :
a)      Tandha / kanggo gantine tandha koma,karepe mandeg sedhela,
b)     Tandha // kanggo gantine tandha titik,karepe mandheg,
c)      Tandha = karepe larik siji lan sijine isih ana sesambungane utawa ora mandeg.

0 comments:

Post a Comment