Monday 17 February 2014

PARIKAN



Parikan yaiku unen-unen kang nganggo wewathon :
a)    Kedadiyan saka 2 ukara
b)   Saben saukara kedadiyan saka 2 gatra
c)    Nggunakake purwakhanti guru swara
d)   Ukara kapisan minangka pembuka
e)    Ukara kapindho minangka isi (surasa)

Mithurut cacahing wandane parikan keperang dadi 5 yaiku :
1.     Sing kedadiyan saka (4 wanda + 4 wanda) 2
Tuladha :
Abang-abang ora legi
Tiwas nyawang ora dadi
2.    Sing kedadeyan saka (4 wanda + 8 wanda)  2
Tuladha :
Kembang aren, semebar tepining kalen
Aja dahwen yen kowe kepingin kajen
3.    Sing kedadeyan saka (7 wanda + 7wanda)  2
Tuladha :
Kolang-kaling who aren, godhong kacang lembayung
Orah eling dek biyen, runtang runtung rut lurung
4.    Sing kedadeyan saka (8 wanda + 8 wanda)  2
Tuladha :
Kolang-kaling pakan ula, sadhompol isine telu
Eling-eling dadi siswa, wengine sregep sinau
5.    Sing kedadeyan saka (8 wanda + 8 wanda)
Tuladha :
Kutha Yogya dalane rame, Malyoboro tengah prenahe
Aku gela amarga kowe, angger janji arang nyatane

0 comments:

Post a Comment