Friday 25 April 2014

Tembung Saloka



Tembung saloka yaiku unen-unen sing ajeg tembunge ngemu surasa pepindhan sing dipepindhanake uwonge
contoh :
1.  tunggak jarak mrajak : turune wong asor dadi linuwih
2.  tunggak jati mati : wong luhur nanging cures , turune ora ana sing luhur
3.  gajah midhak rapah ; wong sing nerak pranatan sing digawe dewe
4.  kebo mulih ing kandhange : pangkat sing wis oncat saka waris , nanging bisa bali meneh
5.  kebo nusu gudel : wong tuwo sing njaluk wuruk menyang sing enom
6.  timun wungkuk jaga imbuh : wong bodho digunakake yen lagi dibutuhake
7.  bathok bolu isi madu : wong sing duwe kaluwihan
8.  kutuk marani sunduk : wong sing njarak marang kacilakan
9.  kethek saranggon : wong ala sarombongan
10.asu gedhe menang kerahe : wong sing duwe panguwasa, yen perkaran dimenangke ketimbang wong cilik

4 comments:

Rangga Audry said...

thanks you

Unknown said...

mkasih kak

Unknown said...

Nuwun dupzzz

Unknown said...

Matur Nuwun

Post a Comment